Langsung ke konten utama

Postingan

Suasana di kereta Ekonomi

Saya mau sedikit cerita bagaimana suasa kereta ekonomi, saat lebaran baik arus mudik maupun arus bali. Bagi kamu kamu yang jarang naik kereta ataupun sering naik kereta tapi naiknya kelas eksektutif atau bisnis, mungkin pingin tau, bagaimana sih ceritanya kalo naik kereta ekonomi? Pertama tama, siap siap aja berdiri selama perjalanan, karena umumnya kereta ekonomi tuh penuh, sampai harus berdiri di dalam gerbong, deket pintu atau malahan di WC. yang kedua, siapin aja alas berupa koran bekas, kenapa? kalo loe ga siap berdiri selama perjalanan minimal loe masih bisa duduk disembarang tempat. Kalo loe tipe orang yang penyakitan, siapin obat sakit kepala, minyak telon atau sejenisnya, apalagi kalo kamu suka asma gitu..siapin aja pelega tenggorokan. nah yang lebih penting lagi, didalam kereta itu panas banget. Jadi jangan lupa bawa kipas, sukur sukur ada yang ngipasin Berikut ini ini suara suara di kereta... "Mijone..mijone(mizone), air air...yang aus yang aus ....&quo

Sms Menarik lebaran 2009

Lebaran telah usai. Ada berbagai hal menarik selama lebaran, diantaranya adalah sms ucapan selamat hari raya idul fitri. Dari sekian puluh sms yang masuk ada 3 sms yang menurut saya paling menarik. diantaranya sms dari Yuditha, Umi dan farida. Saya nikahkan sugeng riyadi bin met lebaran dengan minal aidzin binti wal faizin dengan mas kawin segenggam fitrah& sekuntum maaf dibayar tunai...maaf lahiar batin --Yuditha Simpatimu sungguh mengagumkan, sopan santunmu indah menawan, tutur katamu hangat menentramkan, maaf yang kau berikan membuat lebaran mengesankan. met lebaran Mohon maaf lahir batin --Farida Walau HCI tak mungkin jadi basa, Walau NaOH tak mungkin jadi asam, Walaupun NaCL tak mungkin jadi manis, bahkan walau glukosa tak lagi manis. kran buret maafku kan selalu terbuka tuk menitrasi larutan khilaf. Taqqabalohuminawaminkum, minal'aidzin wal faidzin, mohon maaf lahir batin.. --Umi moga aja tahun depan lebih banyak lagi sms yang menarik. Akhir kata. Met

Idul Fitri

Assalamualakum, kang, mbokayu, sedulur kabeh...ngesuk wis badhan (lebaran) ya ..? duh duh pantesan fesbok siki sepi banget yakin, kaya kayane di tinggal bali ndesa kabeh luh. Enyong arep crita disit kiey lah, babagan idul fitri nang kroya taun taun seurunge, utamane taun taun jamane enyong cilik karo jamane enyong enom, terus taka bandingna karo taun siki, sing nek tak ndeleng, idul fitri tauhn ski nak enyong rasa rasane gemrungsuh pisan koh, Toko jadi baru kebek, dalan nang kroya macete wis kaya jakarta, padahal kroya kue mung kota cilik pisan koh. Rika esih kamutan ora jaman enyong enom karo pas jaman enyong bocah, nek idul fitri kue bocah bocah pada seneng banget nganggo klambi anyar, terus bar sholat id pada pur puran (maaf maafan) maring tangga teparo, ana sing mung muter se RT, ana sing sedusun ana sih muter muter ngasih sedesa, ya embuh kenal karo sing dua umah apa ora, kuew ora penting . Wong jenenge bocah, mung goleti panganan enak, kie jamane enyong bocah, sing digoleti kaya

Bali Maring Udik

Assalamualaikum kang, mbokayune, Rika siki jarang dolan maring FB ya? wis arep pada bali maring ndesane rika apa? seurunge bali waca disit lah tulisane enyong, babagan mudik alias Bali maring udik. Badha idul fitri dela maning ya ?, wong nang endi endi pada rame rebutan karcis mung anu kepengin bali maring ndesane, embuh kue anu kerja nang kota apa embung kue kang malingsya dadi TeKaWe apa rika baling kang pulau sebrang ya pokoke sing genah bali. Embuh kapan kue asal usule budaya mudik luh? Rika pada ngerti ora sedulur? Soale nek enyong ndeleng nang negara liya ora ana luh sing jenenge mudik. Kaya kayane mung nang indonesia thok, utamane wong jawa kang. Iya ora? Sing paling keton wong desa tulih wong cilacap, banyumas karo kroya yang kang? ndeleng nek ana berita nang tipi, sing pada numpak sepur empel empelan, nang stasiun pasar senen, kae wong ngapak kabeh kaeh. Nek ora wong tegal, banyumas ya anu wong kroya, adoh adohe kebumen. Jan keton ngisin ngisini pisan koh. Padune anu kang jak

Mercon lan Wulan Ramadhan

Assalamualakum rika kabeh, ketemu karo eyong maning kiye, kang candra. Ora krasa ya kang, Dela maning puasa, rasane tembe wingi bae badha(lebaran) koh siki arep puasa maning ya kang. Jan, setahun koh kaya sewulan. Nang kene, eyong arep cerita babagan mercon(petasan) karo wulan puasa. Rika pada ngrasa ora siki kaya kayane koh nek puasa wis langka mercon luh, ora kaya jaman kuna,apa siki dilarang ya? jamane eyong esih bocah, nek arep puasa apa pas agi puasa awan wengi mercon nang endi ora. Sekang mercon cengisan sing cilik cilik ngasi mercon sing gedene se pring wulung kang. sing lewih keren maning, mercon sing gedene se pring wulung kue anu gawean bocah bocah kang. carane gawe gue kepenak pisan, mung tuku obat mercon karo kertas utawane buku ra kanggo . Biasane di cuss esuk-esuk apa wengi bar traweh(solat tarawih). Suarane kang ,jaaaaaaaan, kaya kayane tah seru mercon gaweane bocah-bocah ketimbang merchon gaweane noordin M Top markotop luh. Enyong esih kemutan kang. Pas agi mala

Pitulasan

Assalamualaikum, kang, mbokayu, ngesuk pitulasan ya...nang endi endi akeh banget sing pada gawe acara lomba, masang umbul umbul lan tv tv isinya mung acar a gending modern sing jenenge pop, lah jan ...tambah gemrungsung lah pokoke nek arep pitulasan. enyong arep ora ngomong lomba lomba sih isine meh pada mben taun, sekang mangan krupuk ngasi manjat wit jambe. ya pitulasan ya mung kaya kuwe. enyong arep cerita jamane ra kepenak kang. jamane isih perang. Tapi udu enyong sing ngalami, tapi mbahku sih siki wis duwe putu 30 lewih lan buyut wis meh 10...jan dawa banget umure mbahku koh.. Jerene kiye kang. pas jaman perang kuew aja maning mangan sega kang, mangan ros gedang baen angel koh..jan ora ana panganan lah pokoke, ndina ndina landa (belanda) patroli nang endi2. banding na karo jaman siki kang..wong siki dina dina panganane iwak laut, nek ora iwak pitik, nek nang kota malah mangan hamburger apa jan ora keren banget..kiye wis jaman kepenak. tapi ya esing ana wong sing ngangape rakyat in

Ngenalena Basa ngapak Banyumasan

Assalamualaikum Kang, Mbokayu,Bapake, Mboke lan Rika kabeh, kiye ceritane enyong arep ngenalena basa Banyumasan nggo wong Jawa tapi sih basa jawane ora ngapak lan nggo wong seberang. bocah bocah sing asale wong kang karisedanan banyumas, termasuk kuew daerah cilacap, kebumen, gombong, banyumas, brebes, tegal, banjarnegara lan dearah sekitare, Jaman siki, akeh cah-cah enom sing kang karesidenan banyumas kuwe pada isin nek kon ngomong nganggo basa banyumas, mbok di guyu karo kancane sing  kang daerah jawa liane, jerene basane lucu lan merguyokena. Jajal, nek rika ngerti, sapa maning ndeleng sing arep ngelestarikna basane dewek nek ora enyong karo rika.Tulisan kiye cocok nggo sinau wong sing kang derah Semarang, Jogja Solo apa jawa daerah jawa timuran lah. Tapi nek rika udu wong jawa ya ora papa nek arep sinau basa Banyumasan. Men lewih kepenak, nang ngisor artikel kiye tak wenehi kamus cilik mesti enyong ngandel rika pada ngerti lan mudeng pas maca tulisan kiye, mung ora bisa ngomo