Langsung ke konten utama

Mercon lan Wulan Ramadhan

Assalamualakum rika kabeh, ketemu karo eyong maning kiye, kang candra. Ora krasa ya kang, Dela maning puasa, rasane tembe wingi bae badha(lebaran) koh siki arep puasa maning ya kang. Jan, setahun koh kaya sewulan.

Nang kene, eyong arep cerita babagan mercon(petasan) karo wulan puasa. Rika pada ngrasa ora siki kaya kayane koh nek puasa wis langka mercon luh, ora kaya jaman kuna,apa siki dilarang ya? jamane eyong esih bocah, nek arep puasa apa pas agi puasa awan wengi mercon nang endi ora. Sekang mercon cengisan sing cilik cilik ngasi mercon sing gedene se pring wulung kang.

sing lewih keren maning, mercon sing gedene se pring wulung kue anu gawean bocah bocah kang. carane gawe gue kepenak pisan, mung tuku obat mercon karo kertas utawane buku ra kanggo . Biasane di cuss esuk-esuk apa wengi bar traweh(solat tarawih). Suarane kang ,jaaaaaaaan, kaya kayane tah seru mercon gaweane bocah-bocah ketimbang merchon gaweane noordin M Top markotop luh.
Enyong esih kemutan kang. Pas agi malam takbiran pas esih cilik, mercon nang endi papan pada di sumet terus pada njedor, kaya agi perang karo landa(belanda) koh. ngasi pas mercon sagede pupu njedor, suarane ngasih merekna umahe enyong oyag koh..kaya ana gempa 7 skala rikter. lah wong anu umahe eyong umah dabag, gedek, ya mulane mben ana merchon gede disumet umahe enyong ya kaya arep rubuh.
Tapi enyong tambah umur koh, krungu2 jere pemrentah gawe aturan sapa bae sing adol mercon apa ngedarna mercon di cekel pilisi kue kang. soale apa, akeh kasus gara gara merchon. Contone, ana bakul mercon malah umahe kobong gara gara mercon, ana maning ana bocah jriji2ne pada prithil kang pritil kuew..gara garane ya anu mercon segede pring wulung di sumet terus angkrem. ndarani ora murub di cekel pas di cekel tembe njedor. ya entek mbok jrinine..kaya nyekel granate tentara terus di kepel, melasi banget embok. ya mulane kuew pemrentah ngelarang. kuew sih mung kang pikirane enyong sih. soale puasa siki sepi nyenyet. paling2 sing esih uling kuew kembang api.
Mulane kang, aja kaget nek bocah angakatane dewek kue bodo bodo, soale kenapa? lah pas esing bocah, bukune genah di dadikna merchon, mulane bar badha, ya ora bisa sinau, wong bukune wis ambyar nang ndalan2.

nanging, sanajan obat mercon bebas di dol, aq ra tau krungu ana teroris. jajal kenapa? ya embuh di jawab dewek, sing genah gemiyen puasane rame banget kang..maksude rame mercone.

Tapi nek dipikir maning koh pancen mercon kuew ara nana manfangate kang. Malah gawe wong kaget..contone pas ana motor liwat koh nyumet mercon nang tengah ndalan, sing agi montoran kaget terus motore nyungsep maring kali apa maring paceran kepriwe ndeleng? urung termasuk sing pada lara jantung. nek wong jantungen kaget terus mati apa rika arep tanggung jawab, ya ora mbok..? nak kaya kuew.
terus enyong arep cerita babagan puasa kiye kang. yang mung ngelingna go eyong dewek karo rika. Men puasana ana manfangate ya nek puasa aja mung go turu....thok, apa go dolaaaaaaan thok, apa maning malah nek rika nggolet wadonan thok, ya jan puasa kaya kuew mbok ora nana gunane.
Terus kang, nek rika puasa kuew matane aja pecicilan lah..ana perawan liwat disingsoti cicit cuit...kayak manuk manyar. Lah, cah wedon siki ora butuh cicit cuit kang..butuhe duit...:D. nek rika wani ya ditembung maring wong tuane. kaya kuew.
Terus, nek agi puasa ya cocote rika kuew di jaga kang. AJa nyeluk kanca enggane kaya nyeluk kewan, emut kang.. rika kuew nyeluk manungsa udu kewan. di emut kuew.teruse rika aja sok nggedebus kang..nek rika kepengin dipercaya wong liya. Ora ana wong seneng karo manunga sing seneng nggedebus. terus aja seneng mbaor baor lah.... ora kepenak di rungokena kuping kang.

Terus nek rika agi puasa ya aja petakilan, nggrabis, mbejujag, mbajuk lan gawe kisruh. wong kuew ora seneng kang.
Kuew kabeh sih jere kiaine kang..mulane pas wulan puasa pancen cocoke nggo nambah ngelmu kang. Ngaji apa maca Quran..aja malah Fesbok terus sing dibukak..Qurane diwaca.

Ya wis ya kang, mbok-mbok enyong ana lupute apa mbok tembunge akeh sih ora sopan ya njaluk ngapura ya..
ya wis, enyong tutup disit, Slamat wulan puasa ramadhan. moga moga pausane dewek di trima nang Allah SWT amin.......

Komentar

  1. dadi kemutan jamane cilik buku buku kabeh nggo gawe mercon,arep ujian bingung bukune langka kabeh

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Komentar Tokoh Nasional Tentang Pelarangan Cadar di UIN Sunan Kalijaga

Berikut ini adalah pendapat para tokoh Nasional tentang Pelarangan Cadar di UIN Sunan Kalijga. Fahri Idris Saya akan buka advokasi bagi mahasiswi bercadar yang merasakan dirugikan apalagi jika sampai dipecat dengan kebijakan ini. Saya turun tangan langsung. https://t.co/L8Yx87Jumd via official site https://t.co/bARvTo7oJi silahkan share karena cadar dilindungi UUD '45. #Cadar — Fahira Idris DPD RI (@fahiraidris) 6 Maret 2018 Lukman Hakim Saifudin ( Menteri Agama) Cadar itu bisa merupakan wujud pengamalan keyakinan ajaran agama bagi penggunanya, meskipun banyak juga yg meyakini itu hanyalah budaya. UIN SUKA bukan ingin mengatur sisi khilafiyah hal itu, tapi ingin menata ketentuan akademik & administratif yg menyangkut penggunaan cadar. https://t.co/cJax2OTm4Q — Lukman H. Saifuddin (@lukmansaifuddin) 9 Maret 2018 Fahri Hamzah Sultan Hamengkubuwono  X "Perlu ada kebijakan untuk mempertimbangkan lagi,"    Sultan menilai, kebijakan yang ada

Data Statistik ASN Per Juni 2023

  Data ASN 2023 Berapa sih jumlah ASN seluruh Indonesia? Jika Anda penasaran dengan pertanyaan tersebut, Anda bisa melihat gambar di atas. Gambar diambil dari buku statistik ASN Semester I tahun 2023 yang diterbitkan BKN.  Secara singkat ,  Jumlah ASN sebanyak 4.282.429 Orang yang terdiri dari PNS sebanyak 3.795.302 (89%) dan PPPK sebanyak 487.127 (11%).  Walaupun Jumlah PPPK baru 11%, namun tren PPPK akan terus meningkat seiring lebih banyaknya lowongan PPPK dibanding PNS. Hal ini dikarenakan PNS pensiun tidak  selalu di ganti dengan PNS baru namun di ganti dengan PPPK.  Dilihat dari instansinya, Jumlah PNS pusat sebanyak 22% dan jumlah ASN daerah sebanyak 78%. ASN Pusat adalah ASN yang bekerja di Kementerian, Lembaga atau Badan Negara sedangkan PNS daerah adalah PNS yang bekerja di instansi Pemerintah Daerah Tingkat I ( Provinsi) dan Pemerintah Daerah Tingkat II (Kabupaten Kota).  Catatan Menarik dari latar pendidikan ASN adalah 71% bergelar sarjana. Hal ini wajar karena sejak 10 Tah

Daftar Partai Peserta Pemilu 2024

  No Nama  Ketua Sekjen Berdiri  Website 1 Partai Kebangkitan Bangsa (PKB) Muhaimin Iskandar M. Hasanuddin Wahid 23 Juli 1998 https://pkb.id 2 Partai Gerakan Indonesia Raya (Gerindra) Prabowo Subianto Ahmad Muzani 06 Februari 2008 http://gerindra.id 3 Partai Demokrasi Indonesia Perjuangan (PDI Perjuangan) Megawati Sukarnoputri Hasto Kristianto 15 Februari 1999 https://pdiperjuangan.id 4 Partai Golongan Karya (Golkar) Airlangga Hartarto Lodewijk Freidrich Paulus 20 Oktober 1964 https://partaigolkar.com 5 Partai Nasional Demokrat (Nasdem) Surya Paloh Jhonny G. Plate 26 Juli 20211 https://nasdem.id 6 Partai Buruh Said Iqbal Ferry Nurzarli 05 Oktober 2021 https://partaiburuh.or.id 7 Partai Gelombang Rakyat Indonesia (Gelora) Anis Matta Mahfudz Siddiq 28 Oktober 2019 https://partaigelora.id 8 Partai Keadilan Sejahtera (PKS) Ahmad Syaikhu Aboe Bakar Al-Habsyi 20 April 2002 https://pks.id 9 Partai Kebangkitan Nusantara (PKN) I Gede Pasek Suardika Sri Mulyono 07 Januari 2022 https://p