Esuk esuk, Bejo arep maring nggone pak dulah, arep takon sawah endi sing arep di pacul, eh nang ndalan ketemu bawor, kancane mbiyen nang SMP sing siki agi kuliah nang jogja.
"Wor, deneng raine kucel temen kaya kue." Bejo takon maring bawor.
sing di takoni meneng baen
Bejo ;" rika koh di takoni mbringsung baen kaya kue, wis budeg ya"?
Bawor;" Ora kaya kue kang, enyong kie agi mumet mikir skripsine enyong kang, nek rika bisa, aq njaluk tulung maring rika...", bawor njawab karo kesuh.
Bejo:' Wor, wor, skripsi sih panganan apa ya, enyong kie mung bisane macul nang sawah, kon ngrewangi sing jenenge skripsi, nek tak warahi macul sih bisa bisa bae. SKripsine judule apa sih, kaya kayane koh angel temen kaya mikir negara?"
" Kowe ngerti mbok, kae presidene dewek bae kae maring endi endi raine sumpringah, awake ya ora gering kaya kowe mbok?, sing mung mikir skripsi koh kaya nglewihi mikir negara ya ?"
Bawor;" Jere sapa SBY ora mikir kang, wingi apa rika ngerti nek SBY ya curhat maring enyong, jerene gajine ora mundak wis 7 taun, kue jenenge ya padabaen mumet kang, ya mikir negera, ya mikir keluagane mbarang"
Bejo;" Wahaaha...curhat maring rika, rika sih sapane sby....ya hahaha..., Wis pirang semester geli skripsi...?"
Bawor ;" kie wis rong semester kang, nek ora rampung, kon ganti judul, apa ora mumet, apa maning ramane enyong wis wanti wanti, nek ora lulus semester kie kon biaya dewek koh..."
Bejo;" koew kuliah ora bener mbok, kuliah mung nggolet wadonan thok, kepriwe arep cepet lulus".
Bawor:" Lah pacar wingi mung papat koh kang, wis tak pegat kabeh, mumet banget koh.."
Bejo " di pegat, waduh ora go enyong baen kuew lah, sapa ngerti gelem karo enyong, "
Bawor;" wakaakakka...yakin lah rika lucu banget kang,ora maksude ngenyek ya kang, tapi raine rika pas pasan, kerjane macul nang sawah, awake ireng tur gering koh arep golet pacar mahasiswa , engko cewe ne mung ngomong kaya kie kang" Ih...najis...".
Bawor nerusena ceritane
Bawor ;" wadonan siki kang, sing dipikir mung duit kang, padane rika raine elek kaya kue bisa payu kang, sing penting tunggangane avansa, dompete kandhel, ora numpak pit onthel trus duete mung receh , ora bakal ana sing gelem.."
"wingi kae cewene enyong tak pegat ya gara gara kaya kue kang, pingine ndina ndina maring mall, nonton konser, nonton film nang bioskop, uwalah, duit kang endi kue?,
" ditambah maning, ndina ndina mung dadi tukang ojek ngaterna maring kampuse.."
Ketimbang mumet, ya wis tak pegat baen."
Bejo "ya kue artine, pacaran ora ana manfangate mbok?"
Bawor;" ya ana baen, kang,seora orane payu kang, ora kaya rika, terus gawe awake dewek semangat kang".
Bejo" oh kaya kue ya,tapi deneng koe ora rampung rampung? artine kue pancen gawe semangat, tapi ora ndadikna koew produktip, mbok iya?"
Bapake bawor ngerti ngerti njedul,
Bapake bawor;" Wor, arep mangkat jam pira maring jogja?" wis awan kiye, kie tak sangoni 100!".
Bawor;" nggih pak , niki kulo nggih bade mangkat,!"
Bejo;" wor, enyong mung nyangoni donga ya, moga moga cepet lulus lah dadi sarjana..,, aja kaya enyong lah, mung dadi tukang macul!"
Bawor ;" iya kang, matur nuwun lah nasehate..., mangkat disit pak, kang, wassalamualakum"
Bawor terus mangkat maring jogja numpak revo ne...