Jerene kiye kang. pas jaman perang kuew aja maning mangan sega kang, mangan ros gedang baen angel koh..jan ora ana panganan lah pokoke, ndina ndina landa (belanda) patroli nang endi2. banding na karo jaman siki kang..wong siki dina dina panganane iwak laut, nek ora iwak pitik, nek nang kota malah mangan hamburger apa jan ora keren banget..kiye wis jaman kepenak. tapi ya esing ana wong sing ngangape rakyat indonesia kiye isih pada kere kere.
Gemiyen kang, klambi karo kathok guew asale kang kantong gandum.nek siki, mben taun apa mben wulan wong bisa tuku klambi anyar. acara pengantenan ganggo bathik, acara dines ya seragame ana dewek, ngasi nek tiap acara kuew klambine sejen sejen kang. jan jaman makmur mbok siki kang.wis ora nana wong ora kathokan.
Jaman gemiyen kang. wong maring endi endi kue mlaku. arep adohe sepira, ya mlaku kang, kroya purwokerto ya mlaku kang. ana maning ceriane mbahku, kroya jakarta kuew mlaku kang. jajal siki, nganggone wis motor, sepur, bis lan motor mabur. apa jan jaman ora kepenak banget kang..
Jaman gemiyen... ora nana hape kang, aja maning hp sing bisa jeprat jepret karo go fesbuk-an wong arep aweh kabar baen angel pisan kang. nek padane ana surat ya tekane sewulan. jaman siki ndeleng. wong nang endi endi siki kaya wong gemblung kabeh . nang pinggir dalan wong pada ngomong dewek2 karo guyu guyu telpon bojo,pacar, kanca ato sapa bae ngasi siki presiden bae bisa disms kang..jan kurang kepenak apa maning kang?
jan kudune kuew kabeh di pikir kang...siki jaman kepenak..tapi dewek ya aja kepenaken. kudune nek dewek wis kepenak ya disukuri. aja mung nuntut terus karo pemerintah. tur mbok ya a acara pitulasan aja mong isine lomba lomba sing jan ora mutu babar blassssssssssssssss..mangan krupuk, manjat pinang apa senejise lah. ya mbok a acarane pengajian, ngamal, bangun sekolah aja malah malam pitulasan pada mabok karo isine mung acara dangdut pada jogetan thok... .dipikir kuewh..takon ngaanah karo kakine rika...jaman gemiyen kaya ngapa men siki dewek aja mung bisane foya foya karo hepi hepi kang.