Badha idul fitri dela maning ya ?, wong nang endi endi pada rame rebutan karcis mung anu kepengin bali maring ndesane, embuh kue anu kerja nang kota apa embung kue kang malingsya dadi TeKaWe apa rika baling kang pulau sebrang ya pokoke sing genah bali. Embuh kapan kue asal usule budaya mudik luh? Rika pada ngerti ora sedulur? Soale nek enyong ndeleng nang negara liya ora ana luh sing jenenge mudik. Kaya kayane mung nang indonesia thok, utamane wong jawa kang. Iya ora?
Sing paling keton wong desa tulih wong cilacap, banyumas karo kroya yang kang? ndeleng nek ana berita nang tipi, sing pada numpak sepur empel empelan, nang stasiun pasar senen, kae wong ngapak kabeh kaeh. Nek ora wong tegal, banyumas ya anu wong kroya, adoh adohe kebumen. Jan keton ngisin ngisini pisan koh. Padune anu kang jakarta, kang kota, gawani werna werna, ya ana jajan pasar, klambi, tas, cekekan lah werna werna pisan koh. Nek enyong mending mung gawa awak karo duit secukupe, ora gemrungsung. Nek rika kepriwen?
Tapi ya anu kepriwen maning ya kang? jenenge bae ora due duit, bali ndesa paling murah ya numpak sepur, sepure ya sepure wong ora nduwe alias sepur wong kere alias sepur ekonomi. Rika ngerti ora sepur ekonomi kue isina jan wong ngamen, wong dodolan, copet, jambret...preman..tukang njaluk njaluk lan lia liane. Jan
melasi banget yakin... Tapi kue taun taun wingi, embuh siki koh?
Rika sing pada due duit ya anu kepenak pisan, padane kepengin cepet ya numpak motor mabur, kepenak tur cepet, tapi ya padane motor mabure nabrak gunung apa malah kenteken bensin terus nyemplung laut kuew ya dadi bejane rika sing pada due duit :D.
Sing ora numpak motor mabur pada numpak sepur kaya wong kere. tapi sepure sejen kang. Sepure resik, sing numpak ya necis necis sandangane, biasane pada nganggo dasi kaya juragan juragan lah. kue sepure wong eksekutip jere, sing wong jere sugih tapi ora kebagian enggon numpake sepur sing lumayan apik. sepure diarani sepur bisnis..kaya kuew.
Sing pada due motor, bali maring ndesa ngawa motor, men keton wis sugih, wis sukses lah, cara jawane wis dadi wong. Kue nek rika ngerti jalur kidul alias jalur selatan isine ndilir mung motor, nek di deleng kang papan sing adoh keton kaya semut akeh..pisan..
Enyong ora crita kepriwen kahane nek numpak bis, soale enyong isin, enggane wis bujang numpak bis sering muntah muntah arep klenger..ya kuew ora kuat alias mabok maning..mabok maning...
kaya kuew sing penting ora mabok anggur apa topi miring ya kang?
maboke enyong paling ya mung medun kang bis terus tuku mie ayam karo es teh ya wis mari :D, rika sing pada ngerti kahanane numpak bis nek arep badha kepriwe ya crita bae nang kene.
Padane Rika arep bali maring ndesane rika embuh arep numpak sepur, bis, motor mabur apa karo motor, sing penting ati ati nang ndalan sedulur, dieling anak bojo ngenteni nang ngumah, ora usah grasa grusu, sing penting waras slamet. kaya kue disit ya ...
Enyong tutup, Wassalamualaikum.