Mercon lan Wulan Ramadhan

Assalamualakum rika kabeh, ketemu karo eyong maning kiye, kang candra. Ora krasa ya kang, Dela maning puasa, rasane tembe wingi bae badha(lebaran) koh siki arep puasa maning ya kang. Jan, setahun koh kaya sewulan.

Nang kene, eyong arep cerita babagan mercon(petasan) karo wulan puasa. Rika pada ngrasa ora siki kaya kayane koh nek puasa wis langka mercon luh, ora kaya jaman kuna,apa siki dilarang ya? jamane eyong esih bocah, nek arep puasa apa pas agi puasa awan wengi mercon nang endi ora. Sekang mercon cengisan sing cilik cilik ngasi mercon sing gedene se pring wulung kang.

sing lewih keren maning, mercon sing gedene se pring wulung kue anu gawean bocah bocah kang. carane gawe gue kepenak pisan, mung tuku obat mercon karo kertas utawane buku ra kanggo . Biasane di cuss esuk-esuk apa wengi bar traweh(solat tarawih). Suarane kang ,jaaaaaaaan, kaya kayane tah seru mercon gaweane bocah-bocah ketimbang merchon gaweane noordin M Top markotop luh.
Enyong esih kemutan kang. Pas agi malam takbiran pas esih cilik, mercon nang endi papan pada di sumet terus pada njedor, kaya agi perang karo landa(belanda) koh. ngasi pas mercon sagede pupu njedor, suarane ngasih merekna umahe enyong oyag koh..kaya ana gempa 7 skala rikter. lah wong anu umahe eyong umah dabag, gedek, ya mulane mben ana merchon gede disumet umahe enyong ya kaya arep rubuh.
Tapi enyong tambah umur koh, krungu2 jere pemrentah gawe aturan sapa bae sing adol mercon apa ngedarna mercon di cekel pilisi kue kang. soale apa, akeh kasus gara gara merchon. Contone, ana bakul mercon malah umahe kobong gara gara mercon, ana maning ana bocah jriji2ne pada prithil kang pritil kuew..gara garane ya anu mercon segede pring wulung di sumet terus angkrem. ndarani ora murub di cekel pas di cekel tembe njedor. ya entek mbok jrinine..kaya nyekel granate tentara terus di kepel, melasi banget embok. ya mulane kuew pemrentah ngelarang. kuew sih mung kang pikirane enyong sih. soale puasa siki sepi nyenyet. paling2 sing esih uling kuew kembang api.
Mulane kang, aja kaget nek bocah angakatane dewek kue bodo bodo, soale kenapa? lah pas esing bocah, bukune genah di dadikna merchon, mulane bar badha, ya ora bisa sinau, wong bukune wis ambyar nang ndalan2.

nanging, sanajan obat mercon bebas di dol, aq ra tau krungu ana teroris. jajal kenapa? ya embuh di jawab dewek, sing genah gemiyen puasane rame banget kang..maksude rame mercone.

Tapi nek dipikir maning koh pancen mercon kuew ara nana manfangate kang. Malah gawe wong kaget..contone pas ana motor liwat koh nyumet mercon nang tengah ndalan, sing agi montoran kaget terus motore nyungsep maring kali apa maring paceran kepriwe ndeleng? urung termasuk sing pada lara jantung. nek wong jantungen kaget terus mati apa rika arep tanggung jawab, ya ora mbok..? nak kaya kuew.
terus enyong arep cerita babagan puasa kiye kang. yang mung ngelingna go eyong dewek karo rika. Men puasana ana manfangate ya nek puasa aja mung go turu....thok, apa go dolaaaaaaan thok, apa maning malah nek rika nggolet wadonan thok, ya jan puasa kaya kuew mbok ora nana gunane.
Terus kang, nek rika puasa kuew matane aja pecicilan lah..ana perawan liwat disingsoti cicit cuit...kayak manuk manyar. Lah, cah wedon siki ora butuh cicit cuit kang..butuhe duit...:D. nek rika wani ya ditembung maring wong tuane. kaya kuew.
Terus, nek agi puasa ya cocote rika kuew di jaga kang. AJa nyeluk kanca enggane kaya nyeluk kewan, emut kang.. rika kuew nyeluk manungsa udu kewan. di emut kuew.teruse rika aja sok nggedebus kang..nek rika kepengin dipercaya wong liya. Ora ana wong seneng karo manunga sing seneng nggedebus. terus aja seneng mbaor baor lah.... ora kepenak di rungokena kuping kang.

Terus nek rika agi puasa ya aja petakilan, nggrabis, mbejujag, mbajuk lan gawe kisruh. wong kuew ora seneng kang.
Kuew kabeh sih jere kiaine kang..mulane pas wulan puasa pancen cocoke nggo nambah ngelmu kang. Ngaji apa maca Quran..aja malah Fesbok terus sing dibukak..Qurane diwaca.

Ya wis ya kang, mbok-mbok enyong ana lupute apa mbok tembunge akeh sih ora sopan ya njaluk ngapura ya..
ya wis, enyong tutup disit, Slamat wulan puasa ramadhan. moga moga pausane dewek di trima nang Allah SWT amin.......

Pitulasan

Assalamualaikum, kang, mbokayu, ngesuk pitulasan ya...nang endi endi akeh banget sing pada gawe acara lomba, masang umbul umbul lan tv tv isinya mung acar a gending modern sing jenenge pop, lah jan ...tambah gemrungsung lah pokoke nek arep pitulasan. enyong arep ora ngomong lomba lomba sih isine meh pada mben taun, sekang mangan krupuk ngasi manjat wit jambe. ya pitulasan ya mung kaya kuwe. enyong arep cerita jamane ra kepenak kang. jamane isih perang. Tapi udu enyong sing ngalami, tapi mbahku sih siki wis duwe putu 30 lewih lan buyut wis meh 10...jan dawa banget umure mbahku koh..

Jerene kiye kang. pas jaman perang kuew aja maning mangan sega kang, mangan ros gedang baen angel koh..jan ora ana panganan lah pokoke, ndina ndina landa (belanda) patroli nang endi2. banding na karo jaman siki kang..wong siki dina dina panganane iwak laut, nek ora iwak pitik, nek nang kota malah mangan hamburger apa jan ora keren banget..kiye wis jaman kepenak. tapi ya esing ana wong sing ngangape rakyat indonesia kiye isih pada kere kere.

Gemiyen kang, klambi karo kathok guew asale kang kantong gandum.nek siki, mben taun apa mben wulan wong bisa tuku klambi anyar. acara pengantenan ganggo bathik, acara dines ya seragame ana dewek, ngasi nek tiap acara kuew klambine sejen sejen kang. jan jaman makmur mbok siki kang.wis ora nana wong ora kathokan.

Jaman gemiyen kang. wong maring endi endi kue mlaku. arep adohe sepira, ya mlaku kang, kroya purwokerto ya mlaku kang. ana maning ceriane mbahku, kroya jakarta kuew mlaku kang. jajal siki, nganggone wis motor, sepur, bis lan motor mabur. apa jan jaman ora kepenak banget kang..

Jaman gemiyen... ora nana hape kang, aja maning hp sing bisa jeprat jepret karo go fesbuk-an wong arep aweh kabar baen angel pisan kang. nek padane ana surat ya tekane sewulan. jaman siki ndeleng. wong nang endi endi siki kaya wong gemblung kabeh . nang pinggir dalan wong pada ngomong dewek2 karo guyu guyu telpon bojo,pacar, kanca ato sapa bae ngasi siki presiden bae bisa disms kang..jan kurang kepenak apa maning kang?

jan kudune kuew kabeh di pikir kang...siki jaman kepenak..tapi dewek ya aja kepenaken. kudune nek dewek wis kepenak ya disukuri. aja mung nuntut terus karo pemerintah. tur mbok ya a acara pitulasan aja mong isine lomba lomba sing jan ora mutu babar blassssssssssssssss..mangan krupuk, manjat pinang apa senejise lah. ya mbok a acarane pengajian, ngamal, bangun sekolah aja malah malam pitulasan pada mabok karo isine mung acara dangdut pada jogetan thok... .dipikir kuewh..takon ngaanah karo kakine rika...jaman gemiyen kaya ngapa men siki dewek aja mung bisane foya foya karo hepi hepi kang.

Ngenalena Basa ngapak Banyumasan

Assalamualaikum Kang, Mbokayu,Bapake, Mboke lan Rika kabeh,
kiye ceritane enyong arep ngenalena basa Banyumasan nggo wong Jawa
tapi sih basa jawane ora ngapak lan nggo wong seberang.
bocah bocah sing asale wong kang karisedanan banyumas, termasuk kuew daerah cilacap, kebumen, gombong, banyumas, brebes, tegal, banjarnegara lan dearah sekitare, Jaman siki, akeh cah-cah enom sing kang karesidenan banyumas kuwe pada isin nek kon ngomong nganggo basa banyumas, mbok di guyu karo kancane sing  kang daerah jawa liane, jerene basane lucu lan merguyokena.

Jajal, nek rika ngerti, sapa maning ndeleng sing arep ngelestarikna basane dewek nek ora enyong karo rika.Tulisan kiye cocok nggo sinau wong sing kang derah Semarang, Jogja Solo apa jawa daerah jawa timuran lah. Tapi nek
rika udu wong jawa ya ora papa nek arep sinau basa Banyumasan. Men lewih kepenak, nang ngisor artikel kiye tak wenehi kamus cilik mesti enyong ngandel rika pada ngerti lan mudeng pas maca tulisan kiye, mung ora bisa ngomonge. nek rika anu udu wong jawa ya mesti bingunge maca tulisan kiye.
Mulane kang, mbok ayu, golet kanca sing kang banyumas, men tambah wawasanane lah, soale apa? wong jawa kuew ana nang endi papan, tanah jawa kuwe wis sesek, kakehen wong, mulane siki wong jawa ana sing nang sumatra,
kalimantan lan papan liyane, ngasi nang arab, hongkong, jepang lan amerika baen ana wong jawa, ya mung seneajan dadi TKW apa TKI. mulane basajawa kue penting, jan penting banget.

Enyong bae kiyeh wis urip nang jogja meh 7 taun, wis mandan kelalen, lah wong amben dina nganggo basa indonesiya. Mulane ngapake enyong uwis arep ilang. Men ora ilang ya tak tulis bae kiye nang blog. lah anane tulisan kiye
ya men ngajak rika pada sing kang banyumas  men dewek kuwe istilahe sih agi keren jere "PEDE" percaya diri kaya kuwe. Tapi seurunge enyong nerusna nulis, ya njaluk ngapura benget nek basa ngapake eyong wis ora asli, kecampur campur karo basa indonesia. Dadi, nek rika pas ujian basa ngapak ulih angka 700 (pitung ngatus) meng nduwur nek enyong luput ya di benerna ya kang, mbokayu, wis enyong  mulai disit sekang perkara sih sepele,

babagan perkenalan

nek rika arep golet kanca utawa golet bojo saking karisedenan banyumas, rika kudu bisa ngapak, kudu! wajib pokoke. Bapak ku baen sing kang jogja siki ya wis ngapak ko...soale biyungku wong cilacap, sing basane esih ngapak asli.nek rika meng banyumas biasane wong takon maring dewek kaya kiye pertakonan pertakonan kiye kabeh enyong tulis nggo rika pada

Rika jenenge sapa sih? jawabane : enyong jenenge Bawor".

Bawor di ganti jenenge asli rika.

pertakonan babagan lelungan

(darimana)


Rika kang endi? jawabane:" enyong kang purwokerto".

pertakonan babagan gawean

rika kerja nang endi kang? jawabane :"enyong tah urung kerja, golet kerjaan angel banget koh..".

kiye mung pengantar... tapi rika kudu emut kang, nek ngomong kaya nang contoh kuew nek dewek kuwe seumuran. tapi nek dewek ditakoni wong sih lewih tua,contone bakalan mertua, ya rika nganggo basa persatuane wong jawa, basa kromo. di catet kueh....

"Rika wis mangan urung?" aja di jawab :" urung, wong ora ana sing dipangan", rika bisa di anggepe wong sing ora duwe tata krama, mbajuk karo wong tua
mending rika jawabane standar jawa lah ya,,, jawaban sing alus ya :"Dereng, kulo dereng ngelih". nah kaya kue disit ya ngesuk enyong sambung maning babagan basa ngapak lan werna wernane. pokoke basa ngapak keren pisan koh.

Kamus
nek rika pas maca tulisan nang duwur bingung, enyong gawe kamus cilik nang ngisor, tak gawe kamus jawa ngapak-> basa indonesia men wong sing kang seberang ya pada mudeng.

Enyong = Saya
Rika, kowe = Anda, Kamu
arep = Akan
glitho = Jitak
wong = Orang
mudeng = Paham
golet = Mencari
kanca = Teman
Kiye = ini
kuwe = itu
nang kene =di sini
nang kana =di situ/di sana
ngandel = percaya