Suasana di kereta Ekonomi

Saya mau sedikit cerita bagaimana suasa kereta ekonomi, saat lebaran baik arus mudik maupun arus bali. Bagi kamu kamu yang jarang naik kereta ataupun sering naik kereta tapi naiknya kelas eksektutif atau bisnis, mungkin pingin tau, bagaimana sih ceritanya kalo naik kereta ekonomi?

  1. Pertama tama, siap siap aja berdiri selama perjalanan, karena umumnya kereta ekonomi tuh penuh, sampai harus berdiri di dalam gerbong, deket pintu atau malahan di WC.

  2. yang kedua, siapin aja alas berupa koran bekas, kenapa? kalo loe ga siap berdiri selama perjalanan minimal loe masih bisa duduk disembarang tempat.

  3. Kalo loe tipe orang yang penyakitan, siapin obat sakit kepala, minyak telon atau sejenisnya, apalagi kalo kamu suka asma gitu..siapin aja pelega tenggorokan.

  4. nah yang lebih penting lagi, didalam kereta itu panas banget. Jadi jangan lupa bawa kipas, sukur sukur ada yang ngipasin

Berikut ini ini suara suara di kereta...

"Mijone..mijone(mizone), air air...yang aus yang aus ...."

"Kopi..kopi...yang anget yang anget..

--penjual minuman

"Makan, makan, nasi nasi....ayam ayam..yang laper......"

--penjual nasi

"Karcis karcis..., karcis mas...."

--Petugas penarik karcis

"Waduh...kaki keinjek nih...ati ati kalo jalan mas"

--penumpang yng marah2...

" Oew...oew....owe....T_T...."

--bayi nangis karena kepanasan...

Kalo kereta berhenti distasiun

"Mohon bagi yang dipintu...beri kesempatan penumpang baru untuk masuk,kami tau digerbong sudah penuh...tapi mohon berbagi karena semua juga ingin sampai tujuan"

--petugas stasiun yang aneh, udah tau penuh, masih dijejali penumpang. Kita ini Manusia pak, bukan barang...:D

dah dulu...moga artikel ini bisa untuk mengambil keputusan saat mo naik kereta yang super ngirit..bayangin aja Jakarta kroya cuman 25 rebu. Jogja jakarta cuman 35 rebu. jadi maklum....

Sms Menarik lebaran 2009

Lebaran telah usai. Ada berbagai hal menarik selama lebaran, diantaranya adalah sms ucapan selamat hari raya idul fitri. Dari sekian puluh sms yang masuk ada 3 sms yang menurut saya paling menarik. diantaranya sms dari Yuditha, Umi dan farida.
Saya nikahkan sugeng riyadi bin met lebaran dengan minal aidzin binti wal faizin dengan mas kawin segenggam fitrah& sekuntum maaf dibayar tunai...maaf lahiar batin

--Yuditha



Simpatimu sungguh mengagumkan, sopan santunmu indah menawan, tutur katamu hangat menentramkan, maaf yang kau berikan membuat lebaran mengesankan. met lebaran Mohon maaf lahir batin

--Farida



Walau HCI tak mungkin jadi basa, Walau NaOH tak mungkin jadi asam, Walaupun NaCL tak mungkin jadi manis, bahkan walau glukosa tak lagi manis. kran buret maafku kan selalu terbuka tuk menitrasi larutan khilaf.
Taqqabalohuminawaminkum, minal'aidzin wal faidzin, mohon maaf lahir batin..

--Umi

moga aja tahun depan lebih banyak lagi sms yang menarik. Akhir kata. Met Idul fitri 1430 H, Mohon maaf lahir batin.

Idul Fitri

Assalamualakum, kang, mbokayu, sedulur kabeh...ngesuk wis badhan (lebaran) ya ..? duh duh pantesan fesbok siki sepi banget yakin, kaya kayane di tinggal bali ndesa kabeh luh. Enyong arep crita disit kiey lah, babagan idul fitri nang kroya taun taun seurunge, utamane taun taun jamane enyong cilik karo jamane enyong enom, terus taka bandingna karo taun siki, sing nek tak ndeleng, idul fitri tauhn ski nak enyong rasa rasane gemrungsuh pisan koh, Toko jadi baru kebek, dalan nang kroya macete wis kaya jakarta, padahal kroya kue mung kota cilik pisan koh.

Rika esih kamutan ora jaman enyong enom karo pas jaman enyong bocah, nek idul fitri kue bocah bocah pada seneng banget nganggo klambi anyar, terus bar sholat id pada pur puran (maaf maafan) maring tangga teparo, ana sing mung muter se RT, ana sing sedusun ana sih muter muter ngasih sedesa, ya embuh kenal karo sing dua umah apa ora, kuew ora penting . Wong jenenge bocah, mung goleti panganan enak, kie jamane enyong bocah, sing digoleti kaya waffer, coklat, sukro, kacang karo lia liane,pokoke sing pangane wong kota lah. Nek panganan jawa kaya awug awug, lemper, lemet, wajik, jenang, tape tah ora payu, bocah2 ora seneng, kue tulih panganan ndesa, wis sering mangan. Bocah bocah senengi goleti pangan sih mandan kota kaya kue lah, contone ya kaya waffer mau.

Nang umah, sing biasane mangan karo jangan kangkung karo sambel trasi, mangane dadi karo iwak pitik, Rika ngerti ora kang, jaman gemiyen, mangan iwak pitik ya paling setahun pisan, ya kue pas riraya idul fitri. Nek kepengin mangan iwak wedus apa iwak sapi ya ngenteni riraya kurban. Jan, jaman ora kepanak pisan mbok?

Terus nek bar muter biasane tongkrong tongkrong, nyumet mercon apa pada nggedebus cerita ngalor ngidul, nek sing pada due duit, terus minggat maring gone pacare, padane ora dua pacar ya minggat maring widarapayung apa baturaden, nang widarapayung ora ndeleng segara kang, ndeleng wong sing akehe ora patut, dadi maring widarapayung kue udu ndeleng laut, tapi ndeleng wong sing akehe ora jamak.

Kue tah gemiyen, siki ya wis jaman kepenak ya, wis ora mangsan mampir gone tanggane golet panganan enak, bocah siki senenge di nei mentahan bae, duit kang, duit!. Bar kaya kue terus montoran, dolan sekepenake awake dewek, nek sih bocah nggrabis malah pada mabok ora nggenah terus pada klenger. Jan jan..idul fitri enggane go mabok koh. Siki wong sing pada kesed ora lunga ngendi endi, mung nang ngumah, telepon kadang sedulur, nek cah enom kabeh kancane di sms kabeh. Nek sing bebeh sms-an dolan fesbok nang hp, mulane jaman siki hpne apik2, ora kaya jaman biyen..

Enyong anu wis tua ya ngomongi rika kabeh sing esih pada enom, nek idul fitri ya sing sederhana baen lah, aja boros, apa maning mabok apa trek trekan nang ndalan, tur sebenere ya ora perlu maring widarapayung ndeleng wong sing ngaduk aduk akehe, sing penting silaturahmi ketemu sedulur. Pada pada njaluk ngapura karo ndonga tindonga (doa mendoakan) mbok kaya kue sedulur?

Ya wis, kaya kue disit, seurunge ditutup enyong njaluk ngapura maring rika kabeh, jenenge wong tua ya akeh lupute, padane rika kabeh, utamane sing esih pada enom, ana salah karo enyong, ya wis tak ngapurani.

Tak tutup sedulur , Sugeng Riraya 'idul Fitri, Candra Nyuwun ngapura seamba ambane.segara.....
Wassalamualaikum..wr wb..

Bali Maring Udik

Assalamualaikum kang, mbokayune, Rika siki jarang dolan maring FB ya? wis arep pada bali maring ndesane rika apa? seurunge bali waca disit lah tulisane enyong, babagan mudik alias Bali maring udik.

Badha idul fitri dela maning ya ?, wong nang endi endi pada rame rebutan karcis mung anu kepengin bali maring ndesane, embuh kue anu kerja nang kota apa embung kue kang malingsya dadi TeKaWe apa rika baling kang pulau sebrang ya pokoke sing genah bali. Embuh kapan kue asal usule budaya mudik luh? Rika pada ngerti ora sedulur? Soale nek enyong ndeleng nang negara liya ora ana luh sing jenenge mudik. Kaya kayane mung nang indonesia thok, utamane wong jawa kang. Iya ora?

Sing paling keton wong desa tulih wong cilacap, banyumas karo kroya yang kang? ndeleng nek ana berita nang tipi, sing pada numpak sepur empel empelan, nang stasiun pasar senen, kae wong ngapak kabeh kaeh. Nek ora wong tegal, banyumas ya anu wong kroya, adoh adohe kebumen. Jan keton ngisin ngisini pisan koh. Padune anu kang jakarta, kang kota, gawani werna werna, ya ana jajan pasar, klambi, tas, cekekan lah werna werna pisan koh. Nek enyong mending mung gawa awak karo duit secukupe, ora gemrungsung. Nek rika kepriwen?

Tapi ya anu kepriwen maning ya kang? jenenge bae ora due duit, bali ndesa paling murah ya numpak sepur, sepure ya sepure wong ora nduwe alias sepur wong kere alias sepur ekonomi. Rika ngerti ora sepur ekonomi kue isina jan wong ngamen, wong dodolan, copet, jambret...preman..tukang njaluk njaluk lan lia liane. Jan
melasi banget yakin... Tapi kue taun taun wingi, embuh siki koh?

Rika sing pada due duit ya anu kepenak pisan, padane kepengin cepet ya numpak motor mabur, kepenak tur cepet, tapi ya padane motor mabure nabrak gunung apa malah kenteken bensin terus nyemplung laut kuew ya dadi bejane rika sing pada due duit :D.

Sing ora numpak motor mabur pada numpak sepur kaya wong kere. tapi sepure sejen kang. Sepure resik, sing numpak ya necis necis sandangane, biasane pada nganggo dasi kaya juragan juragan lah. kue sepure wong eksekutip jere, sing wong jere sugih tapi ora kebagian enggon numpake sepur sing lumayan apik. sepure diarani sepur bisnis..kaya kuew.

Sing pada due motor, bali maring ndesa ngawa motor, men keton wis sugih, wis sukses lah, cara jawane wis dadi wong. Kue nek rika ngerti jalur kidul alias jalur selatan isine ndilir mung motor, nek di deleng kang papan sing adoh keton kaya semut akeh..pisan..

Enyong ora crita kepriwen kahane nek numpak bis, soale enyong isin, enggane wis bujang numpak bis sering muntah muntah arep klenger..ya kuew ora kuat alias mabok maning..mabok maning...
kaya kuew sing penting ora mabok anggur apa topi miring ya kang?

maboke enyong paling ya mung medun kang bis terus tuku mie ayam karo es teh ya wis mari :D, rika sing pada ngerti kahanane numpak bis nek arep badha kepriwe ya crita bae nang kene.

Padane Rika arep bali maring ndesane rika embuh arep numpak sepur, bis, motor mabur apa karo motor, sing penting ati ati nang ndalan sedulur, dieling anak bojo ngenteni nang ngumah, ora usah grasa grusu, sing penting waras slamet. kaya kue disit ya ...
Enyong tutup, Wassalamualaikum.