Wong ngapak ketemu UFO

padan padane ufo pancen temenan ana, kaya kayane dunya bakal rame luh, kiye enyong arep crita umpane UFO medune nang banyumas ya,

bejo:"kae apa kelap kelip nang sawah ya, deneng padang temen ya, tak pereki lah...."

ura sue...

" Hey, rika sapa ya, ubes ubes sawahku, rika ngerti ora kiye sawah dela maning panen, malah di rusak sekenane rika?,

pas ngerti nek si takoni udu menungsa

"Jabang bayi aja kaget...kiye sih mahluk apa ya..." , rika kue setan, jin apa wong wongan sawah ya?, tapi raine rika kaya

film film nang tipi ya, kayane rika sing sering di kandakena wong, rika sing jenenge alien ya.?"

UFO:"Mimi ni kutoka sayari Mars pakiti"

Bejo:" Rika ngomong apa ngentut, sing genah lah nek ngomong...",

UFO:"Nimekuwa kuzungumza lakini hawaelewi"

Bejo:" nek kaya kie tah kaya ngomong karo wong gemblung ya,rika ngomong basa planet ngendi sih.",

kie, enyong arep takon, nang kana ora ana pari apa? terus kenconten rika arep nyolong maring sawahku", uwalah jan jan...melasi temen ya"

" kaya kie baen, padane rika kurangen beras, apa kencoten, kae maring gudang bulog, pirang pirang nang kana, tapi rika ngomong baen kae maring SBY, ngomong nek rakyate rika kue kencoten, nang kana ora ana beras, sapa ngerti rika di wei gratis, ora usah bayar, padan padane kon mbayar, ya kue motor mabure rika di tinggal baen, rika bali mbrangkang baen ya, apa mabur....mbok bisa.."

UFO:"Mimi kuja hapa nataka kutoa ishara ya amani"

bejo:" Ya ya ya, enyong ora ngerti lah rika ngomong apa, tak nei ngerti baen, enyong ngerti rika pinter gambar sawah, rika wingi kang sleman ya...gawe gambar. nang sawah, rika ngerti ora kue gawe geger nang  ndunya, nek pancen pinter gambar, aja ngambar nang sawae wong liya, rika due sawah ora, gambar nang sawahe dewek, aja gambar sekarepe dewek kaya kue, nek rika ora bisa ngomong ngapak, sinau maring enyong kang, maring enyong murah kang, mung  seket ewu, di jamin nek melu tes toefl basa jawa ulih 700 kang,

UFO:" tayari wana mengi ya ga majadiliano"

Bejo:" rika minggat baen lah, nek rika ngasi kecekel nang polisi apa warga, bisa di masa kang, ngerti embok, digebuki ngasi tulung tulung malah, nganah minggat baen maring planet lia aja maring ngeneh...

UFO:" Rika kaya asu ya !"

BEjo:" Lah ngomong apa rika, deneng bisa ngomong ora bener kaya kue, minggat nganah, ora due tata krama ya..., Minggat nganah, Minggat sing adoh.."

akhire...pesawat ufo ne mabur mbuh maring endi....