bejo nyauri:"
"jamane rika enom apa ora tau malam mingguan kang?"
paijo=" lah malam mingguan apa, jaman gemien ora ana sing jenenge motor, apamaning HP kang, paling banter kue surat suratan, ora kaya jaman siki, mung gari SMS apa telepon, lah jan kepenak pisan koh"
bejo "melasi temen ya kang jamane rika, pantesan rika ora gaul ya kang,sms baen esih bingung ya kang?
paijo "pancen, pancen, enyong ora bisa nyekel hp kang, tapi nek rika ngerti, jamane enyong, ora ana bocah nyadong maring wong tua go pacaran kang, nek ora kepengin di gajul."
nek rika arep njaluk duit, jaman gemien, rika kerja disit kang, macul apa nggawani lungka, apa ngarah suket nggo empan wedus, gue tembe dinei duit"
Jaman siki ndeleng, lah mung gari nyadong, njaluke kepenak pisan,sejuta rong juta, apa wong tuane tandur duit sih".
Bejo "hahahaha....rika bisa baen ya..., tapi aja kesuh kaya kue kang, enyong kue agi glewean kiye", tapi rika ya bener kuew, wong tua siki krepotan karna jalukane anak kang, jawane kue "anak polah bapak kepradah". sing lanang njaluk motor anyar, nek ora piring nang ngumah di pecahi, sing wadon njaluk mio, nek ora dituruti, mbringsung nang kamar ngasi rong dina ora mangan, apa wong tua ora bingung".
Paijo "ya mulane kue, kowe urung mbojo mbok, rika wis tua ndang golet bojo, terus due anak di didik sing bener, aja mung bisane njaluk karo wong tua, ya wis, wis adhan magrib, gagean sholat..."