Assalamualaikum Kang, Mbokayu,Bapake, Mboke lan Rika kabeh, kiye ceritane enyong arep ngenalena basa Banyumasan nggo wong Jawa tapi sih basa jawane ora ngapak lan nggo wong seberang. bocah bocah sing asale wong kang karisedanan banyumas, termasuk kuew daerah cilacap, kebumen, gombong, banyumas, brebes, tegal, banjarnegara lan dearah sekitare, Jaman siki, akeh cah-cah enom sing kang karesidenan banyumas kuwe pada isin nek kon ngomong nganggo basa banyumas, mbok di guyu karo kancane sing kang daerah jawa liane, jerene basane lucu lan merguyokena. Jajal, nek rika ngerti, sapa maning ndeleng sing arep ngelestarikna basane dewek nek ora enyong karo rika.Tulisan kiye cocok nggo sinau wong sing kang derah Semarang, Jogja Solo apa jawa daerah jawa timuran lah. Tapi nek rika udu wong jawa ya ora papa nek arep sinau basa Banyumasan. Men lewih kepenak, nang ngisor artikel kiye tak wenehi kamus cilik mesti enyong ngandel rika pada ngerti lan mudeng pas maca tulisan kiye, mung ora bisa ngomo
Blog Tentang Indonesia dan Dunia